DIALOG ANTARA SANTRI DAN USTAD




Santri : Tanya ustadz, hukumnya menikah dgn teman sekantor gmn?

Ustadz : Islam memang membolehkan nikah:  lbih dr 1, tp yo ora njur sekantor mok rabi kabeh, opo kowe ra bingung golek jamu ne???

Santri : Lha kalo nikah sama anak yg masih kuliah pripun?

Ustad : Boleh, tp klo bisa nikah nya pas udah pulang kuliah wae, jangan pas dikampus lagi kuliah, ben gak ngganggu dosen lan mahasiswa lain.

Santri: Sekarang kalo adzan gak boleh muni banter -banter ya?

Ustadz: Gak cuman saiki, wiwit biyen gak oleh muni banter banter, adzan ki yo takbir muni ne Allahu Akbar 4x lan sak teruse, ora gembar-gembor muni "banter banter" ditapuki wong sak kampung kowe engko..

Santri: Terus hukum e dongakke wong mati, pripun?

Ustadz: Jelas ra oleh... Sing bener ki dongakke wong dowo umure, lancar rizki ne seger kewarasan utowo ttp iman lan taqwa ne... Ojo malah di dongakke mati.. Ngerti wonge di tapuk i kowe...
La kae kang paimin, kono neng ngarepane ndang dongakke mati... Lak  di pisuhi kowe engko!!!!

Santri: Hukume salaman bar sholat pripun??

Ustadz: Yo ora popo, wong bar sholat... Bar sholat ki arep nguyuh, ngising yo oleh, sing ora oleh bar sholat terus ijol sandal..... koyo kelakuan mu nek jum'atan..

Santri: Lha lek sholat sarungan pripun?

Ustad: Batal, wong sholat kog sarungan.. Sing bener ki sarungan disik lagi sholat.... Mulane kowe lek gak iso sarungan kenceng, ben gak mlorot pas sholat, di sabuki.. opo taleni rafia!!! Ojo koyo bocah TK...!!!

Santri: Kulo taken kog malah tambah ngelu toh Ustadz??? 😇😇😇

Ustadz: Mulo ngajio sing genah, mondok, golek guru... Ojo sinau teko mbah google yoo
😀😀😀😂😂😂
Previous
Next Post »