Mari Belajar Ikhlas dari Samin

Sugeng enjang poro sederek..

Marilah..

Mari Belajar Ikhlas dari Samin

Parjo : kang, sampeyan ngenehi duit ke Joyo?
Samin : Iyo
Parjo : sampeyan diapusi, Joyo kuwi sugih
Samin : ngapusi iku dudu urusanku. Kui urusane dekne karo Gustine Joyo.

Parjo : Lho sendalmu endi kang? Kok cekeran?
Samin : ilang
Parjo : ora mbok golek'i sopo sing nyolong?
Samin : ora, aķΰ biyen lahir yo ora sandalan

Parjo : kang, sampeyan dirasani karo Joyo
Samin : ben wae
Parjo : sampeyan ora nesu
Samin : Lha saiki kowe yo ngrasani Joyo, Joyone yo ra nesu

Parjo : kang, pitikmu dipangan asune Joyo
Samin : wes ben
Parjo : kok sampeyan biasa wae? Ora njaluk ganti?
Samin : aku malah kaget nek pitikku sing mangan asune si Joyo

Parjo : kang, wes mangan?
Samin : Durung
Parjo : mreneo tak wenehi duit
Samin : wegah. Aku ra doyan. Panganen dewe yen kowe doyan duit.

Parjo : kang, tanduranmu rusak dipangan weduse Joyo
Samin : ben. Untung doyane tanduran. Yen weduse doyan papan , malah omahku sing dipangan

Parjo : kang, kowe ki ket mau mlaku ngalor ngidul ora jelas?
Samin : Lha yo kui. Nek jelas, mesthi aku mlaku ngalor thok opo ngidul thok

Parjo : kang, klambi sing mbok pepe dicolong uwong
Samin : ben. Wong salahku dewe, aķΰ mepe klambi tak pamer2ke ning njobo

Parjo : kang, kok mlaku? Sapi sing biasa mbok tumpaki endi?
Samin : ilang
Parjo : kok malah ngguya ngguyu?
Samin : lha untunge dicolong pas ora tak tumpaki

Parjo : kang, bayarane Joyo luweh gede timbang kowe, lho.
Samin : Ben
Parjo : kan ora adil
Samin : adil ora kudu podo. Kowe tak pakani katul podo karo pitik yo emoh to

Parjo : kang, pelem-mu dicolong Joyo
Samin : Ben
Parjo : kok ben?
Samin : lha kowe kok iyik to? Biasane dicolong codot wae aķΰ yo meneng wae

Parjo : kang, jare wingi omahmu kelebon maling?
Samin : Iyo
Parjo : kok iyo ? Brarti sampeyan ngerti ?
Samin : ngerti. Tp aku mumet mergo isin ra duwe barang sing iso dimaling..

Sopo nalare podo Samin uripe bakal tentrem.
Previous
Next Post »