Alkisah 2 pemuda sing nembe nduwe Hand Phone (HP)

Alkisah 2 pemuda  sing nembe nduwe Hand Phone (HP), Amat & Dawir....*

Amat : “Wir, lagi ngapa rika....dening nyekeli pager omah bae....”

Dawir : “Iya kiye Mat, Inyong arep ngisi pulsa.......”

Amat : “Trus, apa hubungane ngisi pulsa karo nyekeli pager omah? Telpon bae mesti beres!!”

Dawir : “Nah kuwi masalahe, Mat.....operatore ngomong ngongkon "tekan pagar", tapi pagere wis tak pencet2 ping pira bae isih ora mlebu pulsane, jempole inyong nganti lecet giyeh....!!”

Amat : “hahaha....kuwe sih durung sepira Wir, inyong luwih gemblung maning dikerjani operator.”

Dawir : “Loh kepriwe sih?”

Amat : “Rika isih mending dikongkon menceti pager, lah inyong di kongkon "mencet bintang", dikira inyong  Gatot kaca apa di kongkon maring langit??!!?.
Uwis pada gemblung kabeh apa yah operatore kiyeh....??

😀😀😀😅😅😅😂😂😂☕☕☕
Previous
Next Post »