Lontong (Simbah karo Putu nè)

Aku wis moco crito iki ping pindo, sih tetep kepingkel-pingkel, ora iso mandekk.

 LONTONG


Putu :
 “Gek ngopo sampean mbah? “

Simbah :
 “ Nggolek godhong gedhang le..”

Putu :
“  godhong gedhang gawe opo mbah ?"

Simbah :
“gawe bungkus lontong”

Putu :
 “lontong gawe opo mbah”

Simbah :
 “ mengko dipangan karo opor”

Putu :
“oooo sik mengko..
lha saiki ngopo mbah?

Simbah :
 “nggolek godhong gedhang leee”

Putu :
 “gawe opo mbah? “

Simbah :
“digawe bungkus lontong!!
Khan mau wis tak kandani leee!?!?!”

Putu :
“Lontong digawe opo mbah?”

Simbah :
 “dipangan karo opor leee,
 mosok digawe ganjel lawang??“

Putu :
 “Oh ngono yo mbah”

Simbah :
 “iyooo,
wis kono lungo, ojo ngganggu aku!!!”

Putu :
“kenopo mbah? “

Simbah :
 “kan aku akeh gawean saiki…!!!”

Putu :
 “gawean opo mbah…?”

Simbah :
“ Maasyaa Allaaah....
nggolek godhong gedhaaaang lee...!!!”

Putu :
 “godhong gedhang gawe opo mbah…?”

Simbah :
 “digawe lontoooong, ra krungu tho kowe?????!! “

Putu :
 “Simbah ngomong karo sopo…? “

Simbah :
“ Astaghfirullah....
karo kowee...
tholeee....!!!

Putu :
“lha nek karo aku, kenopo simbah bengak bengok?
Aku kan nang kene wae”

Simbah :
 “mripatmu merem tho... !!!
 Soale kowe bodho…
 ora ndelok tho aku lagi akeh gawean????!!!! “

Putu :
 “gawean opo mbah….? “

Simbah :
 “dengkulmu anjloogg!!!!
Nggolek godhong gedhaaaang leee...!! “

Putu :
 “godhong gedhang gawe opo mbah…?”

Simbah :
 “ lambemu ambrol...…
digawe bungkus lontong,
lontong yo dipangan leeeee!!!! “

Putu :
“Kan nang omah ono sego?,
kenopo simbah mangan lontong campur godhong gedhang mbah????”

Simbah :
“putuku sing nggantheng ireng thuntheng koyok areng,
 kowe dolan sing adoh,
 nek perlu ora usah mbalek sak lawase!!!!!,
engkok simbah bludregke kumat.
 Simbah lagi nyambut gawe saiki!!”

Putu :
 “kenopo koq bludreg mbah?
Sakjane simbah nggolek godhong gedhang opo bludreg sih?
Bludreg kuwi opo sih mbah?
Iso digawe bungkus lontong tho…?“

simbah :
“ya ampuun. ... le.. lee...!!
Kok guoblok tenan koweeee..!!!! Kenthiiir!!!!“

Putu :
“kenthir??? Simbah stress yo?? “

Simbah :
“iyo Simbah stress..!.
mumet ndasku ono kowe ngganggu aku nyambut gawe!! “

Putu :
“nek nyambut gawe nggolek godhong gedhang marai mumet…, kenopo simbah isih tetep nggolek godhong gedhang??”

Simbah :
 “wis wis ora usah kakean cangkem!!
Saiki minggato,
muliho wae kowe.!!!!“

Putu :
 “iyo mbah, aku muleh wae…
 simbah ora muleh sisan…??”

Simbah :
 “oraaa, aku isih akeh gawean “

Putu :
“gawean opo mbah…?”

Simbah :
 “weduss...!!! takok maneh!!!!!
nggolek godhong gedhang,..!!!!

Putu :
 "godhong gedhang gawe opo mbah,.?”

Simbah :
 “gawe njejeli lambemu...!!!!????

Putu :
 lha jarene mau gawe bungkus lontong  mbah?

Simbah kejét2 trus semaput

#terjemahindewe
Previous
Next Post »