PITUTURE SIMBAH KANGGO ANAK PUTUNE

PITUTURE SIMBAH KANGGO ANAK PUTUNE  
Ngger.. anak putuke kabeh, samubarange kuwi  tan keno tiniro, wang sinawang wae. Mulane kuwi ojo seneng milik duweke wong liyo, apa sing wis sira duweki, disyukuri kanti tememen, aja seneng gresula. Yen siro dadi wong lanang, dadiyo wong lanang kang ngayomi, ngayemi lan nglanangi kanggo bojomu, yen sira dadi wong wadon, dadio wong wadon kang mituhu lan merakke ati kanggo sing lanang.  Eling-elingen yo ndhuk.. ora sithik wong lanang kuwi tumindak asor mergo sing wedok ora mituhu karo wong lanang, lan uga ora sithik wong wedok tumindak asor mergo wong lanang ora iso dadi patuladaning bebrayan.  ngger anak putuke kabeh... wong nandur bakal ngunduh, wong salah bakal seleh, wong jujur bakal mujur.  Menungso kuwi diregani ora mergo bondo donyane, ananging saka lathine, ajing diri gumantung ana ing lathi, mulane aja ngendhika cal cul kang iso nglarakke atine wong liya. Muga2 anak putuku kabeh dadi manungsa sing iso dadi patuladaning wong liya, iso mikul dhuwur mendhem jero.       TB 6/1B,  8 sept 2016.
Previous
Next Post »