seri mukidi: Melu Metu...

Melu Metu....

Esuk2 mbahè nakok'i mukidi: " Nang bathukmu kok mrempul kenék opo.?? ".
" Mau mbèngi di kèthak bapak mbah..."
" Lha laopo sé bapakmu kok sampèk ngethak bathukmu.. ? "
" Tak critani mbah.... Mau mbèngi aku dikongkon turu ambèk emak, tapi gak iso merem2...
Bèn gak disenèni aku èthok2 wis turu..."
" Gak suwi, emak takon aku... Léé, wis turu tah..? "
" Tapi aku gak semaur... èthok2 wis turu... lha wis jam 11 bengi mbah...".
" Mari ngono bapak ngomong ambèk emak..."
" Makné... mukidi wis turu..?? Ayo mak-é wis kangen aku...".
" Iyo, wis turu pak-né.... Jamuné gèk ndang di ombé ndisèk...".
" Gak suwè lampunè dipaténi peteng ndedet....
Terus emak ngglèthak ndik ambénè bapak.. karo achhhh... ucchhh... achhhh .. uchhhh... ngono... koyok'è kesusu susu ngono lho mbah..."
" Lha terus piyé di.....???".
" Trus bapak ngomong , Aku arep metu mak-nèè... Gak kuwaaat..!! ".
" Emak semaur : Nèk metu bareng yo pak-é..!!!"
"Aku yo krungu toh mbah... masio ngomongé lirih2... wong aku yo durung turu.."
"Lha aku wedi nèk ditinggal déwé, aku trus mbengok !! " aku mèloookkkk Maakk...!!!".
" Lha kok aku malah di kethak bapak too... piyè jall salahku opoo..?!!! "
Hwuahahahaha.... si mbah ngguyu ngakak... nganti kejengkang.
" Lha...laopo mbah kok ngakak....??? "
Si mbah njawab : " Aku yoo tau Ngono di...... bapak-mu tak kethak.....!!! "
Previous
Next Post »