Negara Yang Lebih Maju

*Renungan  dari tetangga, Apik tenan*:
🇮🇩🇮🇩🇮🇩🇮🇩🇮🇩🇮🇩🇮🇩
Dalam sebuah pengajian di pondok pesantren Magelang, seorang jama'ah bertanya pada kiai.
_“Jika kita melihat negara lain di luar, kelihatannya lebih maju dan lebih makmur daripada kita. Padahal tidak ada ulama dan mereka tidak menerapkan islam dalam kesehariannya. Bagaimana pandangan pak kyai tentang hal ini?”_

Pak kyai balik bertanya, _“Contone negara sing luwih maju seka. awake dewe ki sing endi?”_

_“Amerika pak kyai”_

_“Amerika sing luwih maju apane?”_

Jama’ah pun tertawa semua.

Pak kyai melanjutkan,
_“Tak kandani ya, nang amerika kui kelas professor ki hp-ne nokia lawas. Wek dhewe tukang batu wis duwe smartphone. Aku ra ngerti amerika kok arani luwih maju ki apane._
 _Daya beli mereka rendah. Mereka gajinya besar tapi barang mahal._
 _Nang kene ra duwe gaji wani rabi._
_Indonesia daya belinya dahsyat. Nek ra percaya  njajal nang Singapura. Nek ana toko sing blanja wong Indonesia, regane diundhakna_
 _Nang mekkah, nang Vietnam, awake dewe blanja mesti regane diundakke, soalnya mereka menganggap semua orang Indonesia kaya._
 _Amerika apane sing luwih maju?_

_Nang jepang ra isoh wong biasa tuku motor. Nang kene modal 500 ewu motor diter-terke tekan ngomah._
_Nang Jepang ya kowe angel golek kanca ro tangga, apa meneh nek kulitmu warnane beda, nang kene sangger jih apal Pancasila, kuwi kancamu kabeh, kuwi sedulurmu kabeh._
*_Opone sing luwih maju?_*

_Nang kene kowe ndelok liga inggris, liga spanyol, liga champion sakkarepmu. Nang inggris kowe kudu mbayar, malah ana sing inden ngasik telung sasi ming arep ndelok bal-balan._
*_Ko ngono luwih maju?_*

_Kowe nang Malaysia, nang Vietnam, nang Thailand, nginepa nang hotel pa losmen. Jam rolas mbengi metua, golekka mie rebus, golekka udud, golekka kopi. Ra ana, jam malam wis dha tutup kabeh, ra oleh wong metu. Nang kene sak ayah2 ana wong dodol._

*_Opone sing luwih maju?_*

_Nang Magelang kene ana pirang macem sambel. Pendhak warung beda. Panganane? Macem2, ngasik mumet ndasmu lek mikir._
_Nang Eropa kana, seka pucuk elor Norwegia tekan pucuk kidul Spanyol badhogane padha
 _*Ngono kuwi luwih maju?*_

_Nang China, kowe gawe anak ming oleh siji thok. Punjul seka  siji dicekel diinterogasi pemerintah. Nang kene omah jeh ngontrak pendhak dina gawe anak._
*_Ngendi negara  sing luwih maju?_*
_Seluruh dunia, yang bisa mensyukuri keberadaan daun pisang ming wong Jawa Godhong gedang isoh dadi pincuk, taqin, dadi suru, dadi lonthong, lemper. Di saat negara lain berlomba membuat produk bungkus makanan ramah lingkungan, wong Jawa wis ket jaman kuno lawu nggawe produk kuwi._

_Aku nek pas dolan luar negeri rung tau nemoni biting. Anane ming staples. Loh mbok kira biting ki gampang?_
 _Mbiyen butuh beratus tahun nggo nemokke biting. Saiki gampang ming geri niru. Ming seko biting we isoh dadi industry besar._
*_Negoro ngendi sing luwih maju?_*

_Awake dewe ki negoro sing paling disayang Gusti Allah, rasah minder. Kemajuan mereka hanya kemajuan semu.”_
MERDEKA..MERDEKA............MERDEKA🇮🇩🇮🇩🇮🇩
Semoga Berkah Indonesia
🇮🇩🇮🇩🇮🇩🇮🇩🇮🇩🇮🇩🇮🇩🇮🇩🇮🇩
Previous
Next Post »